Rabu, 03 November 2021

NAHDLATUL ULAMA (NU) JAWA WETAN NGUMUMAKE YEN DHUWIT KRIPTO KUWI HARAM

 

Déning: Niko Dharmawan (20020114060)

Edhitor: Salma Kurnia Khansa Paramesti (20020114034)


Sumber gambar: cnnindonesia.com

 

   Pengurus Wilayah Nahdlatul Ulama (PWNU) Jawa Wetan ngumumake pirang-pirang alesan kanggo ngarani yen dhuwit kripto kuwi haram. Ing Forum Bahtsul Masail, Khatib Syuriah PWNU Jawa Wetan, KH Syafruddin Syarif ngandhakake yen dhuwit kripto kuwi haram. Amarga dhuwit kripto kuwi ora klebu dadi komoditi (sil’ah) ing bab kanggo transaksi dol tinuku arupa barang. Sebab barang utawa sil’ah kuwi kudu awujud nyata, senadyan kripto kuwi dianggep fiktif utawa ora ana wujude.


   “samubarang sing bisa didol, diwenehake utawa diwarisake kuwi kudu ana wujud barange, dudu fiktif utawa ora nyata,” kandhane Syafruddin ing Lobi Kantor PWNU Jawa Wetan, dina Selasa tanggal 2 November 2021.


  Syafruddin ngandhakake yen ing agama islam ana pitung syarat kanggo barang sing bisa dadi transaksi dol tinuku. Sing wiwitan yaiku barange kudu suci utawa mahfum, barang sing suci yaiku barang sing nduweni wujud utawa nyata. Banjur, sing kaloro yaiku barang kuwi migunani kanggo sing nuku. Sing katelu yaiku barang kuwi bisa diwenehake lan ditampa kanthi cara syar’i utawa cara sing manut ajaran agama islam. Banjur, syarat sing kapapat yaiku pihak sing transaksi dol tinuku kuwi kalaksanan kanthi apik. Sing kalima yaiku mangerteni wujud barang kuwi kanthi bisa dideleng karo mripat. Banjur, sing kanem yaiku adoh saka transaksi dol tinuku sing riba utawa sing mung ngungtungake kanggo sing adol barang. Syarat sing pungkasan yaiku barang kudu tetep apik sampek ditampa karo sing tuku.


   Tuladhane yaiku saumpama nalika ana wong tuku barang sing warnane ireng. Banjur, sing didol kuwi ora mung warnane nanging uga wujud barange. Artine ing bab iki wujud barang kuwi kudu ana utawa nyata, amarga kripto kuwi ora wujude dadi bisa diarani dhuwit haram. Ing bab iki Syafruddin uga mbedakake antarane kripto karo e-money. Syafruddin ngandhakake e-money kuwi ora ana perubahane lan cacahe uga tetep. Semana uga karo saham, miturut Syafruddin saham sing didol kuwi yaiku hak milik perusahaan. Banjur, munggah mudhune saham kuwi wis cetha yaiku gumantung karo kauntungan perusahaan kasebut. 


  Banjur, ing jaman biyen uga ana sing kaya dene kripto sing ngrembaka ing masyarakat jawa. Tumindak kuwi diarani togel (tombok gelap) sing isih ana nganti jaman saiki. Togel yaiku tumindak sing klebu judi amarga mbayar kanggo angka utawa mbedek angka. Banjur, togel iki meh padha karo kripto, amarga ing transaksi togel uga ora ana wujud barange mung awujud angka. Masyarakat jawa ing jaman biyen kepengin sugih nanging kanthi cara sing gampang yaiku kanthi nindakake togel. Yen masyarakat jawa ing jaman saiki uga kepengin sugih nanging kanthi cara sing gampang yaiku kanthi dolanan kripto. Loro karone kuwi klebu tumindak sing ala lan haram nalika dilakoni. Mula kita minangka pemuda ing jaman saiki kudu bisa milih endi sing apik lan endi sing ala, supaya jaman sabanjure dadi jaman sing luwih apik.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SAKA TIK TOK BISA DADI PENYANYI TOP

Dening      : Sukmana Argo Rahayuning Dyah (20020114062) Edhitor        : Dwi Nur Sugiarti (20020114043) Sumber gambar : Instagram @bella.po...