Sabtu, 30 Oktober 2021

DENNY CAKNAN, SING DIGADANG-GADANG DADI PANERUSE DIDI KEMPOT

Dening: Dwi Nur Sugiarti       (20020114043)

Edhitor: Akbar Alif Maulana (20020114047)

 

Instagram/dennycaknan


  Sapa sing ora ngerti Denny Caknan? Penyanyi kondhang saka Ngawi. Lagu-lagune sing sedhih makili para mudha sing lagi ambyar. Syair lagune sing nganggo basa Jawa bisa nglestarekake basa Jawa.


  Denni Setiawan utawa sing luwih dikenal Denny Caknan yaiku penyanyi sing lair ing Ngawi, 10 Desember 1993. Jeneng Denny Caknan awit kondhang sawise dheweke aweh weruh kanthi resmi lagu “Kartonyono Medot Janji” taun 2019. Vidheo musik lagu kasebut wis dideleng 225 yuta ing YouTube.


  Denny Caknan digadang-gadang minangka panerus almarhum Didi Kempot. Apa maneh nalika dheweke nyanyi bareng pasarta Indonesia Idol 2020 saka Jember Tiara Anugrah, ing acara Grandfinal Indonesia Idol 2020, jeneng Denny Caknan saya kondhang. 


  Lagu-lagune Denny Caknan iku enak banget dirungokake kanggo bocah enom utawa wong tuwa. Apa maneh kanggo bocah-bocah enom sing lagi pedot tresna, ditinggal lunga pas lagi sayang-sayange, lan kuciwa. Cocog banget. 


  Apa maneh, lagu-lagune sing nggunakake basa Jawa. Denny Caknan tetep, ora owah anggone nggunakake basa Jawa, sanadyan, ana saperangan lirik sing nggunakake basa Indonesia. Nanging, lagune isih kepenak dirungokake. Syaire gampang ditampa sapa wae. Saka enom nganti tuwa, bocah sekolah nganti tukang-tukang sing makarya. Kabeh bisa nampa lagune. 


  Denny Caknan ngaku yen gaya musik sing dipilih entuk inspirasi saka Didi Kempot. Ya, pancen yen dideleng-deleng, Didi Kempot iku sing ngawiti ngrembakane lagu-lagu basa Jawa. Mula, ora kaget yen dheweke digadang-gadang minangka paneruse Didi Kempot. Apa maneh anane fanbase Didi Kempot yaiku Sobat Ambyar sing dadi bukti yen lagu basa Jawa bisa narik kawigaten bocah enom. 


  Sadurunge dikenal kanthi lagu Jawa koplo, Denny Caknan miwiti kariere minangka penyanyi pop. Nanging, musik pop ora dalane Denny kanggo nampa kakondhangan. 


  Denny Caknan tau duwe 3-4 lagu pop nanging ora payu. Dheweke banjur golek cara lan nyoba nggawe lagu Jawa koplo.


Ora ngira, respon saka masarakat sing dhuwur marang lagu sing dinyanyikake Denny iki kanthi jenis Jawa koplo iki. Lagu-lagune sing kondhang kayata lagu Kartonyono Medot Janji, Sugeng Dalu, Sampek Tuwek, Los Dol, Ngawi Nagih Janji, Satru, lan liya-liyane.


Ing taun 2020, Denny Caknan entuk panghargyan sajrone Ambyar Awards 2020 ing kategori Lagu Patah Hati Favorit, Lagu Patah Hati Terbaik, lan Penyanyi Terambyar Pria Terbaik. Ing taun 2021, uga entuk panghargyan ing acara Video Content Creator Awards 2021 kategori Content Creator Musik Lokal Tersosmed. Dheweke bareng Happy Asmara uga entuk panghargyan ing Ambyar Awards 2021 kategori Lagu Patah Hati Terambyar lumantar lagune sing judhule “Satru”.


Nanging kabeh iku ora gampang anggone Denny ngolehake. Sadurunge dadi penyanyi, dheweke tau main judi nganti duwe utang atusan yuta. Ora mung main judi, dheweke uga tau dadi wong sing ngumpulake nomer togel kanthi bayaran suwidak ewu. Dheweke nglakoni pakaryan kuwi amarga kepepet masalah ekonomi. Dheweke uga tau makarya ing Dinas Lingkungan Hidup Kabupaten Ngawi.


Lha, saka Denny Caknan kita bisa ndudut piwulang yaiku kasuksesan iku butuh proses, ora bisa langsung. Uga, minangka generasi enom, kita kudu bisa nglestarekake budaya dhaerah. Salah sawijine cara yaiku seneng ngerungokake lagu-lagu basa Jawa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SAKA TIK TOK BISA DADI PENYANYI TOP

Dening      : Sukmana Argo Rahayuning Dyah (20020114062) Edhitor        : Dwi Nur Sugiarti (20020114043) Sumber gambar : Instagram @bella.po...