Sabtu, 30 Oktober 2021

WAYANG BISA LESTARI JALARAN TEKNOLOGI, KOK BISA?


Déning: Windha Pradhita Citra Yulihapsari (20020114041)

Editor: Zianna Fasichalisna (20020114051)

Sumber gambar: https://youtu.be/ewvdwtqONYg


  Pagelaran wayang minangka warisan budaya Indonesia wis diakoni ing manca. Pagelaran wayang diakoni dening UNESCO taun 2003 minangka Master Piece of Oral and Intangible Heritage of Humanity utawa warisan budaya donya sing asale saka Indonesia.


  Wayang asale saka tembung "Ma Hyang" sing tegese tumuju marang roh spiritual, Dewa, utawa Gusti kang Maha Kuwasa. Tembung "Wayang" uga bisa ateges bayangan, sabab pamirsa mung bisa ndeleng bayangan saka sawalike kelir.


  Wayang yaiku karya sastra tradhisional sing nyritakake kisah kapahlawanan. Wayang dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan dening niyaga lan lagon tembang sing dilagokake dening sinden. 


  Ing jaman saiki, pagelaran wayang wis akeh owah-owahan jalaran ngrembakane jaman. Owahan iki bisa dideleng saka pangrembakan ing sawijine bidhang, yaiku teknologi. Kanthi ngrembakane bidhang teknologi, kauripan manungsa ngalami owah-owahan sing tumuju marang kauripan sing luwih maju. Yen kepengin ndeleng pagelaran wayang biyasane kudu nekani acara pagelaran, nanging jaman saiki wis beda. Jaman saiki, pagelaran wayang bisa dideleng kanthi streaming saka aplikasi Youtube. 


  Amarga ngrembakane teknologi kuwi pagelaran wayang bisa dideleng saka omah. Pagelaran wayang sing digelar uga ora mangan wektu nganti sawengi, nanging mung wetara 1—2 jam. Saiki wis akeh channel YouTube sing nyuguhake pagelaran wayang, ing antarane Purbo Asmara Official lan Dalang Seno.


Pagelaran wayang lumantar aplikasi YouTube dadi sawijine upaya kanggo nglestarekake warisan budaya nuswantara, nanging tetep ana kaluwihan lan kekurangane. Kaluwihan saka pagelaran wayang kanthi cara streaming yaiku panyelenggara ora butuh nyepakake panggonan sing amba kanggo pamirsa lan streaming bisa dideleng kapan wae, ing ngendi wae uga ora mangan wektu akeh. Dene kekurangane, pamirsa ora bisa ngrasakake bungahe nonton pagelaran wayang kaya biyen amarga mung ndeleng saka layar HP, pamirsa ora bisa sesrawungan karo pamirsa liyane, panyelenggara mbutuhake sarana tambahan kanggo nganakake streaming yaiku kamera sing duweni kwalitet apik, uga dhalang kurang semangat anggone nglakokake wayang amarga ora ana swara panyeru saka pamirsa. Senajan mangkono, inovasi teknologi tetep bisa dimanfaatake kanggo nglestarekake budaya nuswantawara.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SAKA TIK TOK BISA DADI PENYANYI TOP

Dening      : Sukmana Argo Rahayuning Dyah (20020114062) Edhitor        : Dwi Nur Sugiarti (20020114043) Sumber gambar : Instagram @bella.po...