Minggu, 31 Oktober 2021

“KOREAN WAVE” NGREMBAKA, INDONESIA BISA APA?


Dening: Zianna Fasichalisna        

(20020114051)

Edhitor: Aulya Sowmya Ramadhina (20020114059)




Sumber gambar: https://www.thedailyvox.co.za/wp-content/uploads/2019/08/Hallyu-Korean-Wave.png


   Budaya Korea saya suwe saya ngrembaka ing manca. Kahanane ditrima marang masyarakat kang nyebabake ana “Hallyu” utawa Korean Wave. Ora mung ana ing Korsel (Korea Selatan), Korean Wave wis ngrembaka ing akeh negara salah sawijine Indonesia. Fenomena iki bisa dideleng kanthi cetha ing kabiyasaan saben dina wong Indonesia, khususe ing wong-wong nom. 


   Korean Wave dhewe wiwitane raket sambunge karo tembang, drama, lan variety show kang disuguhake kanthi cetha. Bebarengan karo mlakune wektu, Korean Wave saya ngrembaka lan ngrengkuh meh kabeh bidhang, antarane panganan, fashion, makeup, basa lan liya-liyane. Mula ora aneh yen saiki akeh ditemoni wong nom Indonesia sing duweni tindak-tanduk mirip karo wong Korea. 


   Salah sawijine bageyan Korean Wave sing paling ngrembaka ing Indonesia yaiku indhustri K-pop. K-pop utawa Musik pop Korea nduweni daya tarik sing bisa narik kawigatene wong akeh. Malah saiki bocah umur 3 taun wae wis akeh sing seneng karo K-POP. Kahanan iki bisa kalaksanan amarga pamrentah Korsel menehi kawigatenan marang indhustri kesenian. Didhudhut saka Tirto.id pungkasane taun 90-an pamrentah Korea gawe Kementrian Kebudayaan kanthi departemen khusus K-Pop. Kejaba iku pamrentah Korsel uga bisa ndadekake panggonan sing tau dianggo shooting drama lan/utawa music video dadi panggonan wisata. 


   Korean Wave pancen nggawa pengaruh positif ing Indonesia. Salah sawijine sing paling bisa dirasakake yaiku teknologi ing Indonesia sing tambah canggih. Salah sawijine produk elektronik saka Korsel, yaiku Samsung wis akeh dianggo dening masarakat Indonesia. Kejaba iku masarakat Indonesia uga bisa ngerti kabudayaan saka Korea lumantar tembang, drama, variety show, lan liya-liya. Dampak sing uga kudu disokuri dening masarakat Indonesia yaiku pariwisata Indonesia bisa melu ngrembaka amarga ana pirang-pirang variety show sing dianakake ing Indonesia, kaya Analog Trip lan Battle Trip sing shootinge ana ing Kutha Jogjakarta. 


   Pancen akeh dampak positif saka Korean Wave iki, nanging panggah ana dampak negatife. Ora sithik wong sing kudu ngrogoh jero kanthonge supaya bisa ngrasakake kasenengan saka Korean Wave. Kanggo bisa ndeleng konser boyband/girlband fan kudu ngetokake dhuwit akeh, durung yen kepengin njangkepi piranti fandom. Kanggo bisa ngrasakake skincare ala Korea uga mbutuhake dhuwit sing ora sithik. Ora bisa nyela yen Korean Wave pancen bisa nuwuhake tumindak konsumtif ing masyarakat. 


   Apa ya rak Indonesia kuwi nduweni peluang sing gedhe kanggo bisa gawe fenomena sing padha kaya Korean Wave? Yen dideleng, Indonesia nduweni kabudayan lan kesenian sing luwih akeh tinimbang Korea. Indonesia nduweni tembang dangdut, keroncong, seni karawitan, tari-tarian sing maneka warna, ludruk, kethoprak, lan kesenian liyane sing akeh banget jinise. Wilayah geografis Indonesia uga luwih amba tinimbang Korea. Artine panggonan wisata ing Indonesia luwih akeh lan variatif. Suku ing Indonesia uga akeh banget, luwih kurang ana 1340 suku bangsa. Saben suku bangsa nduweni kebudayaan sing beda-beda kaya, klambi lan omah sing maneka warna. Mula Indonesia nduweni kasempatan nuwuhake "Demam Indonesia" ing manca. 


   Kanggo bisa nggayuh tujuwan kuwi maeng apa sing kudu dilakoni? Jelase kabeh masarakat kudu nyengkuyung lan nglestarikake kabudayan sing ana ing Indonesia. Masarakat bisa mbagekake kesenian lan kabudayan lokal marang manca lumantar medhia sosial. Ora mung kuwi, pamrentah uga kudu gawe kabijakan sing bisa nyengkuyung ngrembakane kabudayaan lokal Indonesia, supaya para pelakon seni bisa nyambut kanthi penak, supaya kesenian Indonesia bisa ngrembaka. 


   Sajane tujuwane ben apa ta kok butuh istilah kaya mengkana? Apa ben padha karo Korea? Ora liya tujuwane yaiku supaya masarakat manca ngerti yen Indonesia nduweni kasugihan sing akeh banget. Ora mung sugih alame, nanging uga sugih pikirane, sugih unggah-ungguhe. Kan ya ora rugi ta yen masarakat negara liya niru unggah-ungguh e wong Indonesia sing misuwur apik iki?



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SAKA TIK TOK BISA DADI PENYANYI TOP

Dening      : Sukmana Argo Rahayuning Dyah (20020114062) Edhitor        : Dwi Nur Sugiarti (20020114043) Sumber gambar : Instagram @bella.po...