Rabu, 03 November 2021

SAKA TIK TOK BISA DADI PENYANYI TOP

Dening    : Sukmana Argo Rahayuning Dyah (20020114062)

Edhitor      : Dwi Nur Sugiarti (20020114043)

Sumber gambar : Instagram @bella.poarch


      Sapa sing ora ngerti aplikasi TikTok? Aplikasi kasebut saiki dadi salah sawijine platform medhia sosial sing paling kondhang ing komunitas donya. Banjur, apa aplikasi TikTok kuwi?

     TikTok minangka aplikasi medhia sosial lan platform vidheo musik sing para panggunane bisa nggawe, ngedit, lan nyebarake klip vidheo cekak jangkep karo filter lan iringan lagu minangka dhukungan.

       Lumantar aplikasi iki, sapa wae bisa nggawe vidheo cekak suwene 15 detik nganti telung menit. Vidheo sing disuguhake uga bisa awujud genre kayata lagu, lelucon, lan pendhidhikan sing unik lan bisa ditonton kabeh wong ing donya.

       Kaya medhia sosial liyane, kayata Instagram, Facebook, Twitter, lsp. Kanggo pangguna TikTok uga nduweni followers. Salah sawijine selebriti TikTok sing nduwe followers akeh yaiku Bella Poarch. Dheweke ana ing rangking nomer loro ing donya minangka TikTokers sing paling akeh followers. Followers Bella Poarch saiki tekan 84,6 M followers. Banjur apa sing njalari Bella Poarch nduweni akeh followers?

   Bella Poarch yaiku sawijine artis ing medhia sosial lan penyanyi saka Filiphina. Dheweke lair tanggal 8 Pebruari 1997 lan saiki ngancik umur 24 taun. Dheweke nduweni pasuryan sing ayu lan lucu. Dheweke nduweni titikan rambut dawa sing mesthi dikuncir loro kiwa tengen. Sanajan nduweni pasuryan sing katon lucu lan awak cilik, Bella Poarch nduweni tato akeh ing awake sing menehi kesan diwasa.

    Ora mung minangka TikTokers sing nduweni followers akeh, nanging Bella Poarch uga dadi penyanyi. Ing tanggal 14 Mei 2021, dheweke lagi wae aweh weruh lagu sing judhule “Build a B*tch” sing wis ditonton luwih saka 325 yuta. Lumantar lagu iki, jeneng Bella Poarch saya kondhang, ora mung ing TikTok wae, nanging uga kondhang ing medhia sosial liyane. Lan ing tanggal 13 Agustus 2021, Bella Poarch aweh weruh single kaping loro kanthi judhul “Inferno” karo penyanyi Indie-Pop saka Amerika Serikat, Sub Urban. Lagu iki wis tekan 77 yuta piyarsa rong sasi sawise aweh weruh.

   Saka Bella Poarch, kita bisa sinau yen ora cukup mung siji prestasi, nanging kudu nduwe prestasi liyane supaya kita bisa kondhang lan dikenal wong akeh. Sanajan Bella Poarch wis nduwe akeh followers ing TikTok, dheweke durung marem nganti teka kunu, nanging dheweke nggawe karya-karya liyane supaya dheweke bisa luwih dikenal nganti ing sakabehe donya.


NAHDLATUL ULAMA (NU) JAWA WETAN NGUMUMAKE YEN DHUWIT KRIPTO KUWI HARAM

 

Déning: Niko Dharmawan (20020114060)

Edhitor: Salma Kurnia Khansa Paramesti (20020114034)


Sumber gambar: cnnindonesia.com

 

   Pengurus Wilayah Nahdlatul Ulama (PWNU) Jawa Wetan ngumumake pirang-pirang alesan kanggo ngarani yen dhuwit kripto kuwi haram. Ing Forum Bahtsul Masail, Khatib Syuriah PWNU Jawa Wetan, KH Syafruddin Syarif ngandhakake yen dhuwit kripto kuwi haram. Amarga dhuwit kripto kuwi ora klebu dadi komoditi (sil’ah) ing bab kanggo transaksi dol tinuku arupa barang. Sebab barang utawa sil’ah kuwi kudu awujud nyata, senadyan kripto kuwi dianggep fiktif utawa ora ana wujude.


   “samubarang sing bisa didol, diwenehake utawa diwarisake kuwi kudu ana wujud barange, dudu fiktif utawa ora nyata,” kandhane Syafruddin ing Lobi Kantor PWNU Jawa Wetan, dina Selasa tanggal 2 November 2021.


  Syafruddin ngandhakake yen ing agama islam ana pitung syarat kanggo barang sing bisa dadi transaksi dol tinuku. Sing wiwitan yaiku barange kudu suci utawa mahfum, barang sing suci yaiku barang sing nduweni wujud utawa nyata. Banjur, sing kaloro yaiku barang kuwi migunani kanggo sing nuku. Sing katelu yaiku barang kuwi bisa diwenehake lan ditampa kanthi cara syar’i utawa cara sing manut ajaran agama islam. Banjur, syarat sing kapapat yaiku pihak sing transaksi dol tinuku kuwi kalaksanan kanthi apik. Sing kalima yaiku mangerteni wujud barang kuwi kanthi bisa dideleng karo mripat. Banjur, sing kanem yaiku adoh saka transaksi dol tinuku sing riba utawa sing mung ngungtungake kanggo sing adol barang. Syarat sing pungkasan yaiku barang kudu tetep apik sampek ditampa karo sing tuku.


   Tuladhane yaiku saumpama nalika ana wong tuku barang sing warnane ireng. Banjur, sing didol kuwi ora mung warnane nanging uga wujud barange. Artine ing bab iki wujud barang kuwi kudu ana utawa nyata, amarga kripto kuwi ora wujude dadi bisa diarani dhuwit haram. Ing bab iki Syafruddin uga mbedakake antarane kripto karo e-money. Syafruddin ngandhakake e-money kuwi ora ana perubahane lan cacahe uga tetep. Semana uga karo saham, miturut Syafruddin saham sing didol kuwi yaiku hak milik perusahaan. Banjur, munggah mudhune saham kuwi wis cetha yaiku gumantung karo kauntungan perusahaan kasebut. 


  Banjur, ing jaman biyen uga ana sing kaya dene kripto sing ngrembaka ing masyarakat jawa. Tumindak kuwi diarani togel (tombok gelap) sing isih ana nganti jaman saiki. Togel yaiku tumindak sing klebu judi amarga mbayar kanggo angka utawa mbedek angka. Banjur, togel iki meh padha karo kripto, amarga ing transaksi togel uga ora ana wujud barange mung awujud angka. Masyarakat jawa ing jaman biyen kepengin sugih nanging kanthi cara sing gampang yaiku kanthi nindakake togel. Yen masyarakat jawa ing jaman saiki uga kepengin sugih nanging kanthi cara sing gampang yaiku kanthi dolanan kripto. Loro karone kuwi klebu tumindak sing ala lan haram nalika dilakoni. Mula kita minangka pemuda ing jaman saiki kudu bisa milih endi sing apik lan endi sing ala, supaya jaman sabanjure dadi jaman sing luwih apik.

LUWIH INTERAKTIF LAN EFEKTIF SINAU BASA JAWA LUMANTAR ANDROID APA TATAP MUKA ?


Déning: Aulya Sowmya Ramadhina (20020114059)

Edhitor : Anggit Rakasiwi (20020114033)

Sumber gambar: https://www.klikdisini.id/2019/08/aplikasi-aksara-jawa.html?m=1


   Ngrembakane teknologi lan informasi saiki saya cepet. Macem-macem teknologi anyar wis ditepangake ing masyarakat, salah sawijine yaiku ponsel pinter (smartphone) sing nggunakake sistem operasi android. Smartphone iki nduweni kaluwihan antarane yaiku bisa nampilake data arupa teks, gambar, animasi, lan swara sarta gampang kanggo digawa ing endi wae.


   Basa Jawa nduweni macem-macem kaidah ngenani tata basa, tingkatane basa, lan jinis-jinise tembung. Kaidah basa Jawa asring dianggep dadi basa sing angel kanggo disinaoni, ora praktis lan ora selaras karo tuntutan jaman. Mula, saka kondisi sing kaya ngunu lan gegayutan karo anane media pasinaon basa Jawa nggunakake smartphone menika bakal ndadekake pasinaon luwih narik kawigaten, interaktif, lan praktis, saengga bisa nuwuhake minat masarakat utawa peserta didik sajrone sinau basa Jawa.


   Sinau basa Jawa lumantar smartphone sing nggunakake sistem operasi android menika migunani sanget amarga bisa digunakake kapan wae. Ora kaiket dening wektu. Apa maneh ing mangsa pandemi kaya ngene, mesthine sinau basa Jawa lumantar android bakal digunakake karo para guru, peserta didik, lan masarakat. Kagiyatan iki uga bisa nyengkuyung supaya basa Jawa bisa luwih digunakake karo masyarakat. Aplikasi-aplikasi sing bisa kanggo media sinau basa Jawa lumantar android tuladhane yaiku ana e-gamelan, terjemah basa Jawa, aksara Jawa, pepak basa Jawa, lan sapanunggalane. Senadyan yen sinau lumantar android uga ana dampak negatife yen digawe sacara terus-terusan, nanging isih bisa dikendalekake karo peran wong tuwa lan lingkungane.


   Ora maido nalika jaman saya maju lan teknologi uga saya canggih, basa dhaerah utamane ing basa Jawa kuwi bisa ilang yen ora ana sing nglestarekake lan ngunakake maneh. Teknologi minangka alat sing jaman saiki bisa gawe mbiyantu sawijine pakaryan sing abot dadi enteng kuwi nduweni peranan sing gedhe kanggo nglestarekake basa Jawa. Mula, sinau basa Jawa sing asring dianggep ora praktis lan ora selaras karo tuntutan jaman wis ora bisa dadi alasan maneh. Saiki wis akeh banget aplikasi-aplikasi sing bisa nyengkuyung sinau basa Jawa lumantar android.



Senin, 01 November 2021

WUJUDE MEMPER! AKSARA JAWA LAN AKSORN THAILAND NDUWENI LELUHUR SING PADHA


Dening : Sri Indah Wahyuni (20020114057)

Edhitor : Tyas Nur Wigati     (20020114032)


Sumber gambar: https://gensbeaux.blogspot.com/2015/05/perbandingan-aksara-jawa-dan-thailan.html)


  Miturut KBBI, aksara yaiku sistem tandha grafis sing digawe déning manungsa kanggo ngomong sesrawungan, sing paling sithik akehe makili apa sing arep diekspresiake. Utawa kanthi simple sistem panulisan sing nggampangaké sesrawungan ing sapadinan. Yen ditliti saka sing paling tuwa,  keloro tulisan aksara Jawa lan aksorn Thailand nduwéni  jinis sing padha, yaiku abugida.

  Kanggo mangerteni saka ngendi aksorn Thailand lan aksara Jawa bisa memper, pranyata oyode saka leluhur sing padha,  apa wae iku?


1) Aksara Aram utawa aksara Aramaik.  Alfabet iki minangka aksara sing digawe ing basa Aram, dening wong Aram, sing manggon ing dhaerah sakiwa-tengene Siria lan Mesopotamia saiki.  Aksara iki digawe watara ing abad kaping 10 SM.  Saka aksara iki dijupuk aksara Arab lan aksara Brahmi.  Aksara iki nduweni sipat abjad lan dumadi saka 22 konsonan. 


2) Aksara Brahmi yaiku abugida kang digawe ing India nalika jamané Raja Ashoka (270 SM - 232 SM).  Aksara iki ditulis saka kiwa menyang tengen, sanajan miturut hipotesis, adhedhasar aksara Aram utawa Fenisia ing Timur Tengah sing ditulis saka tengen ngiwa. Aksara Brahmi ngrembaka dadi macem-macem jinis aksara, sing biasane dipérang dadi aksara India Lor khas sing luwih sudut lan bunder aksara India Kidul.  Sajroning wayah, sawetara karakter digandhengake karo basa tartamtu.  Aksara India Kidul nyebar menyang Asia Tenggara nalika aksara India Lor nyebar menyang Tibet.  Saiki, turunan aksara Brahmi digawe ing India, Sri Lanka, Nepal, Bhutan, Tibet, Burma, Thailand, Laos, lan sawetara enclave sing kasebar ing Indonesia, China, Vietnam, lan Filipina.  Minangka aksara sing ngemot teks Buddha, aksara Brahmi uga digawe kanggo tujuan agama ing China, Korea, Jepang, lan Vietnam.  Sanajan dianggep kontroversial, ana sing ngarani yen aksara Hangul ing Korea diarani uga adhedhasar aksara Brahmi (miturut hipotesis aksara Phagspa).  Semana uga aksara Kana ing Jepang adhedhasar aksara Siddham, yaiku turunan saka aksara Brahmi.  Aksara Brahmi minangka turunan saka aksara Aram lan aksara Brahmi diarani minangka aksara sing nduweni variasi, tegese wujude aksara bisa beda sanajan nglambangake swara sing padha. 

 

Wujude aksara brahmi 

Sumber gambar: https://kamtopramono.blogspot.com/2014/06/hubungan-aksara-jawabalithailandindiada.html?m=1

 

3) Aksara Pallawa utawa kadhangkala ditulis Pallawa yaiku aksara sing asalé saka India kidul.  Aksara iki wigati banget kanggo sejarah ing Indonesia amarga aksara iki minangka aksara kang asale saka aksara Nuswantara. Ing Nuswantara bukti sing paling wiwitan yaiku Prasasti Mulawarman ing Kutai, Kalimantan Timur sing asale saka abad 5 Masehi.  Bukti tulisan paling wiwitan ing Jawa Kulon lan ing wayah sing padha ing Pulo Jawa, yaiku Prasasti Tarumanagara sing asale saka pertengahan abad kaping 5, uga ditulis nganggo aksara Pallawa. 

Wujude aksara Pallawa 


4) Aksara Jawa Kuna utawa Kawi (saka basa Sansekerta _kavi_ sing tegesé 'pujangga') yaiku aksara Brahmi kanthi sajarah sing digawe ing Asia Tenggara maritim watara abad 8 nganti 16 Masehi.  Aksara iki utamané digawe ing Jawa lan Bali, Indonésia, nanging sawetara prasasti Kawi wis ditemokake nganti tekan Filipina. Aksara iki digawe kanggo nulis basa Sansekerta lan basa Jawa kuna.  Aksara Jawa Kuna asalé saka aksara Pallawa sing kena proses penyederhanaan wangun aksara watara abad VIII.  Aksara Pallawa dhewe minangka turunan saka aksara Brahmi lan asale saka India sisih kidul.  Aksara Pallawa minangka induk saka kabeh aksara dhaerah ing Asia Tenggara (kayata aksara Thailand, aksara Batak, aksara Burma). 

Wujude aksara Kawi 

Sumber gambar: https://kamtopramono.blogspot.com/2014/06/hubungan-aksara-jawabalithailandindiada.html?m=1


5) Aksara Jawa, uga diarani kanthi jeneng Hanacaraka (ꦲꦤꦕꦫꦏ) lan Carakan (ꦕꦫꦏꦤ꧀), iku salah siji aksara tradhisional Indonésia kang digawe kanggo nulis basa Jawa lan sapérangan basa dhaérah Indonésia liyané kayata basa Sundha lan Sasak, tulisane iki ana gandheng cenenge karo basa Bali.  Aksara Jawa lan aksara Bali mujudake perkembangan modern saka aksara Kawi, salah sijine turunan saka aksara Brahmi kang ngrembaka ing Jawa.  Nalika jaman periode Hindu-Buddha, aksara iki utamane digawe ing kasusastran agama lan terjemahan basa Sanskerta kang lumrahé ditulis nganggo naskah godhong lontar. Ing jaman Hindhu-Budha, wangun aksara Kawi saya suwe saya akeh, nanging kanthi ortografi sing tetep.  Ing abad kaping 17, aksara iki wis ngrembaka dadi wangun modern lan diarani minangka Carakan utawa hanacaraka adhedhasar limang karakter pisanan. Nyatane, basa Sansekerta bisa ditulis ing pirang-pirang aksara kayata aksara Hindi, Jawa, lsp. 

Wujude aksara Jawa

Sumber gambar: https://kamtopramono.blogspot.com/2014/06/hubungan-aksara-jawabalithailandindiada.html?m=1

 

   Sejatine turunane isih akeh banget utamane sing ana gandheng cenenge utawa gegayutan karo aksara negara siji karo negara liya mligine ing Asia Tenggara. Iki uga sing njalari aksorn Thailand lan aksara Jawa bisa duweni wujud sing memper, amarga saka leluhur utawa mbah buyut sing padha.

“ PEH “ LOGAT BASA SING BISA DADI CIRI KHAS YEN IKI WONG KEDIRI


Dening : Elsa Sofiana

(20020114055)

Edithor : Sukmana Argo Rahayuning Dyah (20020114062)

Sumber gambar : dokumen pribadhi



   Iki pengalamanku dhewe nalika ketemu karo kanca-kanca dhaerah saliyane Kediri. Kanca-kanca nganggep olehku omong iki angel dimangerteni, apa iya? Mangga dideleng guneman ing ngisor iki.


A : “ Eh rek, tugas dina iki mau akeh banget ya?

B : “ Iya weh,. Aku hlo durung mudheng karo tugas wingi kok ya wis ditambahi tugas maneh.

E : “ Pehh pehhh iyo rek,. Jiann masyaAllah tugase ra ukur-ukur pehh.

A lan B : “ Ha,.. piye piye balenana!

E : “ Hmm,. Apa ye? Kok kowe kabeh ra mudheng karo sing tak omong?

A : “ Kowe mau muni apa? Peh? kok sangar ngono basamu. ( karo ngece )

E : “ Hlo Peh kok ngece,. Ora ana sing lucu ya!

B : “ Iya ora ana sing lucu kok, ning basa mu sing lucu tur ya nggawe aku ra mudheng hahaha. ( karo ngguyu ngece ).


   Saka guneman ing dhuwur kuwi mau, bisa dimangerteni yen basa jawa nduweni logat dialek sing maneka warna. Logat dialek “ Peh “ saka dhaérah Kediri durung temtu dimangerteni karo dhaerah saliyane. Tembung “ Peh” digunakake wong dhaerah Kediri gawe guneman karo lawan gunemane. Iki wis dadi ciri khas utawa titikane saka dialek Kediri. Tembung “ Peh” iki nggambarake bentuk ekspresi emosial saka penutur e, tuladhane ekspresi pas lagi kesel, sedih, keweden, seneng, kaget, nggumun, lan sapanunggalane. 


   Saben dhaerah uga mesthi nduweni dialek sing ana sajroning dhaerahe dhewe-dhewe. Dialek iki bisa dadi kaya ciri khas gawe dhaerah, tuladhane ya iki Kediri. Saben pawongan Kediri metu menyang dhaerah liya, lan nggunakake dialek “ Peh” sajroning gunemane mesthi lawan gunemane ora ngerti lan bakal diguyu amarga aneh lan lucu. 



PAHARGYAN “SMTOWN WONDERLAND”, TRADHISI ADICARA HALLOWEEN SM ENTERTAINMENT KANG KONDHANG KUWALITASE

Déning : Anum Ambarini     (20020114052)

Edhitor : Niko Dharmawan  (20020114060)



Sumber gambar : wowkeren.com



   Pahargyan Halloween dadi adicara kang dienteni banget karo wong sadonya. Apa maneh karo para panggemar K-Pop. Ing pahargyan Halloween, kabeh idol K-Pop mesthi kaya balap-balapan karo idol liyane nggawe klambi kang apik lan nyleneh. Biyasané, klambi kang digawé manut apa wae kang kondhang, kayata paraga ing film utawa crita kang lagi kondhang. 


   Adicara SMTOWN Wonderland mesthi dienteni para panggemar K-Pop. Pahargyan Halloween ing SM iki dianakake kanthi eksklusif, kang para artise SM bebas milih pacakan awake dhewe kanthi klambi sing paling apik. Ing tanggal 31 Oktober, SM Entertainment ngumumake foto saka SMTOWN Wonderland taun iki, sing dianakake tanggal 29 Oktober. Sawise prei suwe wiwit adicara kang pungkasan ing 2018, adicara sing misuwur kasebut bali ping pisan saben telung taun kanthi judhul "SM Halloween House." Pahargyan iki dikenal kanthi kuwalitas apik saka kostum sing digawe para artis. 


   Klambi sing dianggo artis SM Entertainment kasil nggawe para panggemar histeris. Wiwit saka Jungwoo lan Taeyong NCT sing malih dadi Bella Swan lan Edward Cullen saka film Twilight. Banjur, Chenle dadi Valak nganti Onew SHINee sing berubah dadi Penguin.


   SM ancen ora tau nggawe panggemar kuciwa. Apa maneh ing pahargyan Halloween taun iki. Iki minangka adicara sing ora bisa dilalekake kanggo para panggemar SM. Semana uga para artis amarga padha macak kaya karakter kaya Groot, Ronald McDonald, lan liya-liyane. Penggemar uga ora bisa lali kepiye totalitas sing dituduhake dening anggota SHINee kaya Key sing nganggo kostum Ronald McDonald taun kepungkur.


Minggu, 31 Oktober 2021

“KOREAN WAVE” NGREMBAKA, INDONESIA BISA APA?


Dening: Zianna Fasichalisna        

(20020114051)

Edhitor: Aulya Sowmya Ramadhina (20020114059)




Sumber gambar: https://www.thedailyvox.co.za/wp-content/uploads/2019/08/Hallyu-Korean-Wave.png


   Budaya Korea saya suwe saya ngrembaka ing manca. Kahanane ditrima marang masyarakat kang nyebabake ana “Hallyu” utawa Korean Wave. Ora mung ana ing Korsel (Korea Selatan), Korean Wave wis ngrembaka ing akeh negara salah sawijine Indonesia. Fenomena iki bisa dideleng kanthi cetha ing kabiyasaan saben dina wong Indonesia, khususe ing wong-wong nom. 


   Korean Wave dhewe wiwitane raket sambunge karo tembang, drama, lan variety show kang disuguhake kanthi cetha. Bebarengan karo mlakune wektu, Korean Wave saya ngrembaka lan ngrengkuh meh kabeh bidhang, antarane panganan, fashion, makeup, basa lan liya-liyane. Mula ora aneh yen saiki akeh ditemoni wong nom Indonesia sing duweni tindak-tanduk mirip karo wong Korea. 


   Salah sawijine bageyan Korean Wave sing paling ngrembaka ing Indonesia yaiku indhustri K-pop. K-pop utawa Musik pop Korea nduweni daya tarik sing bisa narik kawigatene wong akeh. Malah saiki bocah umur 3 taun wae wis akeh sing seneng karo K-POP. Kahanan iki bisa kalaksanan amarga pamrentah Korsel menehi kawigatenan marang indhustri kesenian. Didhudhut saka Tirto.id pungkasane taun 90-an pamrentah Korea gawe Kementrian Kebudayaan kanthi departemen khusus K-Pop. Kejaba iku pamrentah Korsel uga bisa ndadekake panggonan sing tau dianggo shooting drama lan/utawa music video dadi panggonan wisata. 


   Korean Wave pancen nggawa pengaruh positif ing Indonesia. Salah sawijine sing paling bisa dirasakake yaiku teknologi ing Indonesia sing tambah canggih. Salah sawijine produk elektronik saka Korsel, yaiku Samsung wis akeh dianggo dening masarakat Indonesia. Kejaba iku masarakat Indonesia uga bisa ngerti kabudayaan saka Korea lumantar tembang, drama, variety show, lan liya-liya. Dampak sing uga kudu disokuri dening masarakat Indonesia yaiku pariwisata Indonesia bisa melu ngrembaka amarga ana pirang-pirang variety show sing dianakake ing Indonesia, kaya Analog Trip lan Battle Trip sing shootinge ana ing Kutha Jogjakarta. 


   Pancen akeh dampak positif saka Korean Wave iki, nanging panggah ana dampak negatife. Ora sithik wong sing kudu ngrogoh jero kanthonge supaya bisa ngrasakake kasenengan saka Korean Wave. Kanggo bisa ndeleng konser boyband/girlband fan kudu ngetokake dhuwit akeh, durung yen kepengin njangkepi piranti fandom. Kanggo bisa ngrasakake skincare ala Korea uga mbutuhake dhuwit sing ora sithik. Ora bisa nyela yen Korean Wave pancen bisa nuwuhake tumindak konsumtif ing masyarakat. 


   Apa ya rak Indonesia kuwi nduweni peluang sing gedhe kanggo bisa gawe fenomena sing padha kaya Korean Wave? Yen dideleng, Indonesia nduweni kabudayan lan kesenian sing luwih akeh tinimbang Korea. Indonesia nduweni tembang dangdut, keroncong, seni karawitan, tari-tarian sing maneka warna, ludruk, kethoprak, lan kesenian liyane sing akeh banget jinise. Wilayah geografis Indonesia uga luwih amba tinimbang Korea. Artine panggonan wisata ing Indonesia luwih akeh lan variatif. Suku ing Indonesia uga akeh banget, luwih kurang ana 1340 suku bangsa. Saben suku bangsa nduweni kebudayaan sing beda-beda kaya, klambi lan omah sing maneka warna. Mula Indonesia nduweni kasempatan nuwuhake "Demam Indonesia" ing manca. 


   Kanggo bisa nggayuh tujuwan kuwi maeng apa sing kudu dilakoni? Jelase kabeh masarakat kudu nyengkuyung lan nglestarikake kabudayan sing ana ing Indonesia. Masarakat bisa mbagekake kesenian lan kabudayan lokal marang manca lumantar medhia sosial. Ora mung kuwi, pamrentah uga kudu gawe kabijakan sing bisa nyengkuyung ngrembakane kabudayaan lokal Indonesia, supaya para pelakon seni bisa nyambut kanthi penak, supaya kesenian Indonesia bisa ngrembaka. 


   Sajane tujuwane ben apa ta kok butuh istilah kaya mengkana? Apa ben padha karo Korea? Ora liya tujuwane yaiku supaya masarakat manca ngerti yen Indonesia nduweni kasugihan sing akeh banget. Ora mung sugih alame, nanging uga sugih pikirane, sugih unggah-ungguhe. Kan ya ora rugi ta yen masarakat negara liya niru unggah-ungguh e wong Indonesia sing misuwur apik iki?



SAKA TIK TOK BISA DADI PENYANYI TOP

Dening      : Sukmana Argo Rahayuning Dyah (20020114062) Edhitor        : Dwi Nur Sugiarti (20020114043) Sumber gambar : Instagram @bella.po...