Minggu, 31 Oktober 2021

“KOREAN WAVE” NGREMBAKA, INDONESIA BISA APA?


Dening: Zianna Fasichalisna        

(20020114051)

Edhitor: Aulya Sowmya Ramadhina (20020114059)




Sumber gambar: https://www.thedailyvox.co.za/wp-content/uploads/2019/08/Hallyu-Korean-Wave.png


   Budaya Korea saya suwe saya ngrembaka ing manca. Kahanane ditrima marang masyarakat kang nyebabake ana “Hallyu” utawa Korean Wave. Ora mung ana ing Korsel (Korea Selatan), Korean Wave wis ngrembaka ing akeh negara salah sawijine Indonesia. Fenomena iki bisa dideleng kanthi cetha ing kabiyasaan saben dina wong Indonesia, khususe ing wong-wong nom. 


   Korean Wave dhewe wiwitane raket sambunge karo tembang, drama, lan variety show kang disuguhake kanthi cetha. Bebarengan karo mlakune wektu, Korean Wave saya ngrembaka lan ngrengkuh meh kabeh bidhang, antarane panganan, fashion, makeup, basa lan liya-liyane. Mula ora aneh yen saiki akeh ditemoni wong nom Indonesia sing duweni tindak-tanduk mirip karo wong Korea. 


   Salah sawijine bageyan Korean Wave sing paling ngrembaka ing Indonesia yaiku indhustri K-pop. K-pop utawa Musik pop Korea nduweni daya tarik sing bisa narik kawigatene wong akeh. Malah saiki bocah umur 3 taun wae wis akeh sing seneng karo K-POP. Kahanan iki bisa kalaksanan amarga pamrentah Korsel menehi kawigatenan marang indhustri kesenian. Didhudhut saka Tirto.id pungkasane taun 90-an pamrentah Korea gawe Kementrian Kebudayaan kanthi departemen khusus K-Pop. Kejaba iku pamrentah Korsel uga bisa ndadekake panggonan sing tau dianggo shooting drama lan/utawa music video dadi panggonan wisata. 


   Korean Wave pancen nggawa pengaruh positif ing Indonesia. Salah sawijine sing paling bisa dirasakake yaiku teknologi ing Indonesia sing tambah canggih. Salah sawijine produk elektronik saka Korsel, yaiku Samsung wis akeh dianggo dening masarakat Indonesia. Kejaba iku masarakat Indonesia uga bisa ngerti kabudayaan saka Korea lumantar tembang, drama, variety show, lan liya-liya. Dampak sing uga kudu disokuri dening masarakat Indonesia yaiku pariwisata Indonesia bisa melu ngrembaka amarga ana pirang-pirang variety show sing dianakake ing Indonesia, kaya Analog Trip lan Battle Trip sing shootinge ana ing Kutha Jogjakarta. 


   Pancen akeh dampak positif saka Korean Wave iki, nanging panggah ana dampak negatife. Ora sithik wong sing kudu ngrogoh jero kanthonge supaya bisa ngrasakake kasenengan saka Korean Wave. Kanggo bisa ndeleng konser boyband/girlband fan kudu ngetokake dhuwit akeh, durung yen kepengin njangkepi piranti fandom. Kanggo bisa ngrasakake skincare ala Korea uga mbutuhake dhuwit sing ora sithik. Ora bisa nyela yen Korean Wave pancen bisa nuwuhake tumindak konsumtif ing masyarakat. 


   Apa ya rak Indonesia kuwi nduweni peluang sing gedhe kanggo bisa gawe fenomena sing padha kaya Korean Wave? Yen dideleng, Indonesia nduweni kabudayan lan kesenian sing luwih akeh tinimbang Korea. Indonesia nduweni tembang dangdut, keroncong, seni karawitan, tari-tarian sing maneka warna, ludruk, kethoprak, lan kesenian liyane sing akeh banget jinise. Wilayah geografis Indonesia uga luwih amba tinimbang Korea. Artine panggonan wisata ing Indonesia luwih akeh lan variatif. Suku ing Indonesia uga akeh banget, luwih kurang ana 1340 suku bangsa. Saben suku bangsa nduweni kebudayaan sing beda-beda kaya, klambi lan omah sing maneka warna. Mula Indonesia nduweni kasempatan nuwuhake "Demam Indonesia" ing manca. 


   Kanggo bisa nggayuh tujuwan kuwi maeng apa sing kudu dilakoni? Jelase kabeh masarakat kudu nyengkuyung lan nglestarikake kabudayan sing ana ing Indonesia. Masarakat bisa mbagekake kesenian lan kabudayan lokal marang manca lumantar medhia sosial. Ora mung kuwi, pamrentah uga kudu gawe kabijakan sing bisa nyengkuyung ngrembakane kabudayaan lokal Indonesia, supaya para pelakon seni bisa nyambut kanthi penak, supaya kesenian Indonesia bisa ngrembaka. 


   Sajane tujuwane ben apa ta kok butuh istilah kaya mengkana? Apa ben padha karo Korea? Ora liya tujuwane yaiku supaya masarakat manca ngerti yen Indonesia nduweni kasugihan sing akeh banget. Ora mung sugih alame, nanging uga sugih pikirane, sugih unggah-ungguhe. Kan ya ora rugi ta yen masarakat negara liya niru unggah-ungguh e wong Indonesia sing misuwur apik iki?



PAKARYAN ING BIDHANG IT, APA BAKAL DADI PAKARYAN SING MIGUNANI?


Dening : Reza Utmi Agustina  (20020114050)

Edhitor : Sri Indah Wahyuni  (20020114057)



Sumber gambar : kompas.com


   Ing jaman saiki teknologi ngrembaka kanthi cepet, kabeh pakaryan utawa kagiatan mbutuhake teknologi supaya tandhang gawene manungsa luwih gampang, mulane akeh pakaryan sing kudu dilakoni manungsa dituntut supaya bisa IT. Perusahaan wiwit golek calon sing bisa nggawe, ngrancang, riset, lan ngembangake _hardware_ supaya tandhang gawene manungsa luwih gampang. Ing jaman digital iki, teknologi informasi nduweni gayutan sing gedhe kanggo kabutuhane manungsa. Bisa dideleng yen jurusan Sistem Informasi narik kawigaten para calon mahasiswa. Dadi, lulusan Sistem Informasi uga dadi inceran para perusahaan. Amarga ing jaman digital iki, lulusan Sistem Informasi dibutuhake ing pirang-pirang perusahaan. Perusahaan bakal rebutan butuhake mahasiswa-mahasiswa pinter sing wis lulus saka kampuse, supaya gelem makarya ing perusahaane, mulane mahasiswa-mahasiswa jurusan IT iki jarang ana sing nganggur utawa ora nduwe pakaryan. Gaji sing ditawakake perusahaan uga cukup nggodha utawa akeh banget.


   Jurusan IT minangka gabungan saka Ilmu Komputer, Ekonomi Manajemen, lan Bisnis. Jurusan iki fokus ing pemrograman ing sajroning perusahaan. Materi sing disinauni ing jurusan IT salah sijine yaiku, basa ing pemrograman, Algoritma lan Struktur Data, Desain lan Manajemen Proses Bisnis, Desain lan Manajemen Jaringan Komputer, Perencanaan Sumber Daya Perusahaan, lan liya-liyane. Wong sing kerja ing pakaryan iki kudu nduweni katrampilan. Sawetara kemampuan sing kudu dikuwasani yaiku nggunakake PC utawa laptop, bisa nggawe program lan ngoding, lan uga bisa nguwasani Microsoft SQL.

 

   Ing taun 2025, Forum Ekonomi Dunia ngira-ngira ana 85 yuta pakaryan sing ditandhangi karo manungsa bakal diganti karo mesin. Lan ana , kira-kira 97 yuta pakaryan anyar, pakaryan kasebut bakal ana sesambungan antarane tenaga manungsa, mesin, lan algoritma. Ing limang taun kepungkur, Forum Ekonomi Dunia uga nliti apa wae pakaryan sing bakal dibutuhake lan digoleki akehe perusahaan ing bidang IT. Ana sawetara pakaryan ing bidang IT yaiku, Digital Marketing, Application Developer, Software Developer lan Engineer, Data Analytics, UI/UX Developer. Wong sing ahli ing sajroning bidang iki dibutuhake amarga saiki wis akeh aplikasi utawa web kayata e-commerce lan media sosial sing bisa nggampangake tandhang gawene manungsa yaiku, akeh manungsa sing luwih seneng blanja online liwat internet tinimbang blanja langsung kanggo ngirit wektu, lan tuladha liyane akeh manungsa sing luwih seneng maca pawarta ing internet utawa situs web kayata detik.com, kumparan kompas.com lan liya-liyane. Amarga pawarta ing internet luwih update tinimbang pawarta ing sajroning koran, mula wong sing ahli ing bidang IT iki dibutuhake kanggo nyedhiyakake platform kanggo nggampangake tandhang gawene manungsa.


  Forum Ekonomi Dunia uga duwe panemu yen bakal ana sawetara pakaryan sing kurang dibutuhake amarga wis diganti teknologi, kalebu sekretaris administrasi lan eksekutif. Saliyané iku uga ana akuntan utawa auditor, buruh pabrik, layanan bisnis lan manajer administratif. Pakaryan mau bakal luwih cepet ditandhangi nggunakake teknologi, mula kita sing urip ing jaman globalisi iki kudu sinau lan mangerteni babagan IT supaya luwih gampang nindakake samubarang utawa ngolek pakaryan, amarga ing jaman globalisasi iki kabeh pakaryan ana sambung rakete karo IT kanggo nggampangake kagiyatane manungsa.


AYO NGENAL WERNANE AGAMA MASARAKAT ING INDONESIA

Dening : Karina Puji Rahayu (20020114045)

Edhitor : Anum Ambarini     ( 20020114052)



Sumber gambar : https://interpretar-la-vida.blogspot.com/2021/06/poster-keragaman-agama-download-poster.html?m=1


   Indonesia minangka negara kang nduweni maneka warna karagaman. Salah sawijining karagaman kasebut yaiku karagaman agama. Karagaman kuwi, Indonesia bisa dadi kakuwatan lan modhal sosial sing kuwat, nanging uga bisa nyebabake padu antawis agama. Mula kanggo njaga karukunan bangsa Indonesia, kita kudu netepi tuntunan kang kinandhut ing Sumpah Pemuda “Satu Nusa, Bangsa, Satu Bahasa” lan semboyan kang manunggalake bhineka tunggal ika “Bhineka Tunggal Ika”. 


   Indonesia duwe enem agama resmi, yaiku Islam, Kristen, Katolik, Budha, Hindu, lan Konghucu. Ing ngisor iki sawetara perkara sing bisa mbedakake enem agama. 


a. Islam 

Kitab suci agama Islam yaiku Al Qur'an, papan sembahyange yaiku masjid, lan dina gedhene yaiku Idul Fitri, Idul Adha, Taun Anyar Hijriyah, Isra Mi'raj, lan liya-liyane. 


b. Kristen Protestan 

Kitab suci Kristen Protestan yaiku Kitab Suci, papan pangibadahe yaiku Gréja, lan dina gedhene yaiku Natal, Jumat Agung, Dina Paskah, Munggah Yesus Kristus. 


c. Katulik Kitab suci Katulik yaiku Kitab Suci, papan pangibadahe yaiku Gréja, lan dina gedhe yaiku Dina Natal, Hari Jumat Agung, Dina Paskah, Minggah Gusti Yesus Kristus. 


d. Hindu Kitab-kitab Hindu yaiku Weda, papan pangibadah yaiku Pura, lan dina gedhe yaiku dina Nyepi, Hari. Saraswati, Pagerwesi Day.


e. Budha 

Kitab-kitab Budha yaiku Tri Pitaka, papan pangibadahe yaiku Vihara, lan dina gedhe yaiku Hari Waisak, Hari Asadha, Kathina. 


f. Kong Hu Cu 

 Kitab suci Kong Hu Cu yaiku Si Shu Wu Ching, papan pangibadahe yaiku Li Tang/Klenteng, lan dina gedhene yaiku Taun Anyar Cina, Cap Go Meh. 


    Indonesia nduweni agama maneka warna, amarga miturut sejarahe, jaman biyen kasugihan alam Indonesia narik kawigaten para wong adol saka bangsa liya teka ing Indonesia. Saliyane dagang, uga nyebarake agama. Kanthi nglebokake agama-agama sing digawa dening para imigran iki lan dhasar negara sing wis ana, masarakat Indonesia ngugemi maneka agama miturut kapitayane lan ngurmati agamane dhewe-dhewe.



Sabtu, 30 Oktober 2021

GAJI GURU SITHIK? IKI TIPS KANGGO ENTUK DHUWIT LUWIH AKEH

Déning: Dina Aryu Nur Islami (20020114044)

Edhitor: Reza Utmi Agustina    (20020114050)


Sumber gambar: siedoo.com


   Gaji guru honorer minangka salah sawijining bab sing dirembug ing jagading pendhidhikan. Iki pancen dadi omongan, amarga ngenani kesejahteraane guru honorer sing entuk upah sithik banget dibandhingake karo pengabdian lan karyane. Akeh guru honorer namung bisa pasrah marang nasibe. Umume guru honorer ora kaiket karo lembaga apa wae, nanging diangkat dening kepala sekolah. Mula gaji guru honorer dijupuk saka dana panitia lan Bantuan Operasional Sekolah (BOS), lan sing gaji guru honorer yaiku kepala sekolah. Gajine sithik, nggawe guru honorer bingung lan kudu mikir kepriye carane entuk gaji luwih utawa dhuwit tambahan kanggo nyukupi kabutuhane. Kanthi ngandelake gaji guru honorer sing sithik, yen dipikir iku ora cukup. Upaya kanggo menehi kesejahteraan kanggo guru honorer terus dilakoni. Salah sijine yaiku ngusulake supaya gaji guru honorer minimal padha karo UMR/UMP saben daerah. Ora apik, yen mung gumantung ing asiling usulan-usulan sing wis diusulaké kanggo karaharjaning guru honorer. Upaya liyane kanggo ningkatake kesejahteraan guru honorer yaiku golek gaweyan tambahan utawa kanthi tembung tambahan dhuwit. Kanthi cara iki, guru honorer entuk dhuwit luwih akeh tinimbang gaji sing ditampa.


  Ing jagading pendhidhikan ana program pamarintahan sing bisa digunakake kanggo ningkatake kesejahteraan guru. Program kasebut minangka program sertifikasi guru, yaiku program sing ditrapaké kanggo guru honorer, guru PNS lan dosen. Kanthi mbuktekaken biji kompetensi guru ana ing proses pamulangan, guru bakal pikantuk sertifikasi awujud TPG (Tunjangan Profesi Guru). Kajaba iku, ana pilihan PPPK guru honorer amarga ing wektu iki PPPK (Karyawan Pemerintah karo Perjanjian Kerja) mbukak kanggo kabeh guru honorer tanpa watesan umur. Saliyane ngandelake program pamarintahan, guru honorer bisa nglakoni owah-owahan kanthi nglakoni kerja sampingan. Ora ana sing salah yen golek dhuwit saka kerja sampingan. Kayata nglakokake usaha sampingan, yaiku nawarake jasa les privat, bisnis panganan, bisnis busana lan liya-liyane.


   Sejatine, kanthi usaha lan donga sing wis dilakoni bebarengan bakal nuwuhake rejeki kanggo awake dhewe lan wong liya. Sejatine, kanthi ngelakonake bisnis ngetutake program pemarintahan lan kerja sampingan, guru honorer bakal entuk dhuwit luwih akeh tinimbang gaji sing ditampa. Pancen ora gampang, nanging saora-orane luwih becik tinimbang mung lungguh-lungguh lan ngandelake gaji guru honorer sing sithik.



DENNY CAKNAN, SING DIGADANG-GADANG DADI PANERUSE DIDI KEMPOT

Dening: Dwi Nur Sugiarti       (20020114043)

Edhitor: Akbar Alif Maulana (20020114047)

 

Instagram/dennycaknan


  Sapa sing ora ngerti Denny Caknan? Penyanyi kondhang saka Ngawi. Lagu-lagune sing sedhih makili para mudha sing lagi ambyar. Syair lagune sing nganggo basa Jawa bisa nglestarekake basa Jawa.


  Denni Setiawan utawa sing luwih dikenal Denny Caknan yaiku penyanyi sing lair ing Ngawi, 10 Desember 1993. Jeneng Denny Caknan awit kondhang sawise dheweke aweh weruh kanthi resmi lagu “Kartonyono Medot Janji” taun 2019. Vidheo musik lagu kasebut wis dideleng 225 yuta ing YouTube.


  Denny Caknan digadang-gadang minangka panerus almarhum Didi Kempot. Apa maneh nalika dheweke nyanyi bareng pasarta Indonesia Idol 2020 saka Jember Tiara Anugrah, ing acara Grandfinal Indonesia Idol 2020, jeneng Denny Caknan saya kondhang. 


  Lagu-lagune Denny Caknan iku enak banget dirungokake kanggo bocah enom utawa wong tuwa. Apa maneh kanggo bocah-bocah enom sing lagi pedot tresna, ditinggal lunga pas lagi sayang-sayange, lan kuciwa. Cocog banget. 


  Apa maneh, lagu-lagune sing nggunakake basa Jawa. Denny Caknan tetep, ora owah anggone nggunakake basa Jawa, sanadyan, ana saperangan lirik sing nggunakake basa Indonesia. Nanging, lagune isih kepenak dirungokake. Syaire gampang ditampa sapa wae. Saka enom nganti tuwa, bocah sekolah nganti tukang-tukang sing makarya. Kabeh bisa nampa lagune. 


  Denny Caknan ngaku yen gaya musik sing dipilih entuk inspirasi saka Didi Kempot. Ya, pancen yen dideleng-deleng, Didi Kempot iku sing ngawiti ngrembakane lagu-lagu basa Jawa. Mula, ora kaget yen dheweke digadang-gadang minangka paneruse Didi Kempot. Apa maneh anane fanbase Didi Kempot yaiku Sobat Ambyar sing dadi bukti yen lagu basa Jawa bisa narik kawigaten bocah enom. 


  Sadurunge dikenal kanthi lagu Jawa koplo, Denny Caknan miwiti kariere minangka penyanyi pop. Nanging, musik pop ora dalane Denny kanggo nampa kakondhangan. 


  Denny Caknan tau duwe 3-4 lagu pop nanging ora payu. Dheweke banjur golek cara lan nyoba nggawe lagu Jawa koplo.


Ora ngira, respon saka masarakat sing dhuwur marang lagu sing dinyanyikake Denny iki kanthi jenis Jawa koplo iki. Lagu-lagune sing kondhang kayata lagu Kartonyono Medot Janji, Sugeng Dalu, Sampek Tuwek, Los Dol, Ngawi Nagih Janji, Satru, lan liya-liyane.


Ing taun 2020, Denny Caknan entuk panghargyan sajrone Ambyar Awards 2020 ing kategori Lagu Patah Hati Favorit, Lagu Patah Hati Terbaik, lan Penyanyi Terambyar Pria Terbaik. Ing taun 2021, uga entuk panghargyan ing acara Video Content Creator Awards 2021 kategori Content Creator Musik Lokal Tersosmed. Dheweke bareng Happy Asmara uga entuk panghargyan ing Ambyar Awards 2021 kategori Lagu Patah Hati Terambyar lumantar lagune sing judhule “Satru”.


Nanging kabeh iku ora gampang anggone Denny ngolehake. Sadurunge dadi penyanyi, dheweke tau main judi nganti duwe utang atusan yuta. Ora mung main judi, dheweke uga tau dadi wong sing ngumpulake nomer togel kanthi bayaran suwidak ewu. Dheweke nglakoni pakaryan kuwi amarga kepepet masalah ekonomi. Dheweke uga tau makarya ing Dinas Lingkungan Hidup Kabupaten Ngawi.


Lha, saka Denny Caknan kita bisa ndudut piwulang yaiku kasuksesan iku butuh proses, ora bisa langsung. Uga, minangka generasi enom, kita kudu bisa nglestarekake budaya dhaerah. Salah sawijine cara yaiku seneng ngerungokake lagu-lagu basa Jawa.

WAYANG BISA LESTARI JALARAN TEKNOLOGI, KOK BISA?


Déning: Windha Pradhita Citra Yulihapsari (20020114041)

Editor: Zianna Fasichalisna (20020114051)

Sumber gambar: https://youtu.be/ewvdwtqONYg


  Pagelaran wayang minangka warisan budaya Indonesia wis diakoni ing manca. Pagelaran wayang diakoni dening UNESCO taun 2003 minangka Master Piece of Oral and Intangible Heritage of Humanity utawa warisan budaya donya sing asale saka Indonesia.


  Wayang asale saka tembung "Ma Hyang" sing tegese tumuju marang roh spiritual, Dewa, utawa Gusti kang Maha Kuwasa. Tembung "Wayang" uga bisa ateges bayangan, sabab pamirsa mung bisa ndeleng bayangan saka sawalike kelir.


  Wayang yaiku karya sastra tradhisional sing nyritakake kisah kapahlawanan. Wayang dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan dening niyaga lan lagon tembang sing dilagokake dening sinden. 


  Ing jaman saiki, pagelaran wayang wis akeh owah-owahan jalaran ngrembakane jaman. Owahan iki bisa dideleng saka pangrembakan ing sawijine bidhang, yaiku teknologi. Kanthi ngrembakane bidhang teknologi, kauripan manungsa ngalami owah-owahan sing tumuju marang kauripan sing luwih maju. Yen kepengin ndeleng pagelaran wayang biyasane kudu nekani acara pagelaran, nanging jaman saiki wis beda. Jaman saiki, pagelaran wayang bisa dideleng kanthi streaming saka aplikasi Youtube. 


  Amarga ngrembakane teknologi kuwi pagelaran wayang bisa dideleng saka omah. Pagelaran wayang sing digelar uga ora mangan wektu nganti sawengi, nanging mung wetara 1—2 jam. Saiki wis akeh channel YouTube sing nyuguhake pagelaran wayang, ing antarane Purbo Asmara Official lan Dalang Seno.


Pagelaran wayang lumantar aplikasi YouTube dadi sawijine upaya kanggo nglestarekake warisan budaya nuswantara, nanging tetep ana kaluwihan lan kekurangane. Kaluwihan saka pagelaran wayang kanthi cara streaming yaiku panyelenggara ora butuh nyepakake panggonan sing amba kanggo pamirsa lan streaming bisa dideleng kapan wae, ing ngendi wae uga ora mangan wektu akeh. Dene kekurangane, pamirsa ora bisa ngrasakake bungahe nonton pagelaran wayang kaya biyen amarga mung ndeleng saka layar HP, pamirsa ora bisa sesrawungan karo pamirsa liyane, panyelenggara mbutuhake sarana tambahan kanggo nganakake streaming yaiku kamera sing duweni kwalitet apik, uga dhalang kurang semangat anggone nglakokake wayang amarga ora ana swara panyeru saka pamirsa. Senajan mangkono, inovasi teknologi tetep bisa dimanfaatake kanggo nglestarekake budaya nuswantawara.



Jumat, 29 Oktober 2021

SINKRETISME BISA DISEBUT AGAMA JAWA?

  

Déning: Dzuhrotus Salwa Nafi’ah  (20020114040)

Edhitor: Karina Puji Rahayu           (20020114045)



Sumber Gambar : BeritaSatu.com



  Aja kemrungsung le, kabeh wes ana sing ngatur.


   Jaman biyen wong Jawa paham Tuhan kanthi cara animis, dinamis, lan monoteis. Watu, gunung, wit-witan bisa dadi obyek panyembahan. Perkara iki isih raket ana ing Jawa Timur, Jogjakarta, Jawa Tengah kanthi saiki. Wit wrigin ing pinggire alun-alun isih dianggep nduwe daya gaib. Kangge ngethok wit wringin kui, wong sing nebang kudhu pasa dhisik utawa konsultasi ing wong kang diangge nduwe ilmu linuwih. 


   Amarga konsep Ketuhanan sing prasaja kui, wong Jawa dadi gampang nrima mlebune macem-macem agama. Sangking permisife macem-macem agama ana ing Jawa nduwe watak senkritisme, utawa gabungan saka corake macem-macem nilai agama. Kayata, islam kanthi corak Hindu lan kejawen. Kanthi sikap sinkretis, agama-agam sing dianut wong Jawa ora nuwuhake sikap rasional, nanging isi ana sing gampang pasrah marang takdir. Daya ikhtiyar asring keganti dadi prinsip : kabeh wis ana sing ngatur. Sikap iki ing sisi negatip bisa ndadekake menungsa Jawa ora istiqomah, nanging ing sisi positip wong Jawa luwih ndisikake dalan moderasi ing kabeh perkara. 


  Sinkretisme iki kaya-kaya nemokake kabeneran kanthi apa sing diarani Islam Nusantara, salah siji aranan sing durung nemu sempurnane panegesan. Sing perlu ditegesi yaiku, apa Islam Nusantara iki naming Islam sing bisa dianggep santun lan bisa tetep urip sesandhingan karo nilai-nilai lokal nasional, utawa dadi dalan kabeneran sinkretisme?. Sinkretisme ora mung ing kaca kulturale, nanging uga ing aspek teologi sing tauhid. Utawa, apa bisa iku disebut minangka “Agama Jawa”?


ING JAMAN SAIKI, KEPRIYE CARANE BISA PIKANTHUK PAKARYAN KANTHI GAMPANG?



Dening:  Defany Fiqrotul Laely (20020114039)

Edhitor: Dina Aryu Nur Islami  (20020114044)


Sumber gambar: Pinterest


   Ora sithik nyatane wong sing ora nduweni pakaryan ing jaman saiki, utamane ing tanah Jawa. Meh kabeh pakaryan nduweni syarat kanthi nduweni gelar sarjana, nanging ing tanah Jawa isih akeh masyarakat ing Desa-Desa sing ora nduweni dhuwit sing cukup kanggo sekolah sing dhuwur kanthi nduweni gelar sarjana. Akhire kabeh dadi buruh tani yen ora ya dadi buruh liyane. Kenapa kok mesthi buruh tani? Amarga ya mek kuwi pagawean sing ora mbutuhake gelar sarjana. Asil saka mburuh tani ya ora sepiro terus yen kaya mengkono kepriye nasib bakal keturunane mbesok? Apa ya tetep dadi buruh tani? Apa malah ngemis?


   Ing tanah Jawa isih akeh wong sing kasusahan, alah kok digawe sekolah, digawe mangan wae kadang isih kangelan. Asline pamarentah uga wis menehi bantuwan arupa sekolah gratis, nanging kanggo mlebu sekolah negeri ya ora gampang. Yen ora pinter temenan ya ora bisa pikanthuk sekolah gratis. Arep pinter saka ngendi yen kanggo sinau wae ora ana waktu, amarga kudu nyambi kerja sanadyan mung buruh tani kanggo nyambung pangan dina sesok. Dalan siji-sijine kang bisa dilakoni kanggo pikanthuk pakaryan kang gampang lan ngasilake dhuwit akeh ya mung kudhu pinter-pinter mbagi waktu kanggo sinau supaya bisa gampang ketampa ing sekolah negeri sing gratis nganti pikanthuk gelar sarjana supaya bisa gampang mikolehi pakaryan sing ngasilake dhuwit gedhe.


   Sinau kanthi sregep lan semangat bakal ngasilake urip kang mulya. Amarga ing jaman saiki golek pagawean iku ora gampang, kabeh mbutuhake utek sing encer, mula yen ora gelem sinau ya ora bisa. Pikanthuk pakaryan sing mapan yaiku cita-cita sing bisa diwujudake kanthi usaha ora guyonan sanadyan mung wong desa.

GAMELAN ELEKTRONIK, LUWIH RUWET APA ASYIK?

Dening : Rizka Alfianita      (20020114037) 
Edhitor : Windha Praditha (20020114041) 


Sumber gambar : tekno.kompas.com


  Teknologi minangka sarana kanggo nyedhiyakake barang-barang sing dibutuhake kanggo kaslametan lan kenyamanan urip manungsa. Kanthi ngrembakane teknologi, manungsa saingan nggawe barang sing migunani. Salah sawijine ponsel sing wis dilengkapi aplikasi, yaiku piranti lunak sing nggabungake fitur tartamtu lan gampil diakses dening pangguna. Akeh banget jinis aplikasi, nanging sing paling unik yaiku anane aplikasi piranti musik tradhisional gamelan. 

 

   Tembung “Gamelan” asale saka tembung “Gamel” tegese nabuh, gamelan yaiku piranti musik sing nduweni macem jinis, ukuran lan swara, kanthi cara ditabuh. Salah sawijine sing ngasilake swara khas, yaiku "Gong" sing kadhangkala andadekake pamirsa rada kaget. Saka maneka warna sumber ing situs dol tinuku online, rega kanggo 1 set gamelan antarane 40 yuta nganti 325 yuta lan gumantung saka bahan sing digunakake, wiwit saka wesi, kuningan nganti gamelan sing digawe saka gangsa. Jalaran regane sing ora murah iki, dadi dhasar laire inovasi saka tim sing dibentuk Universitas Dian Nuswantoro Semarang (Udinus) sing dikoordinir Tyas Catur Pramudi. Sawise ngliwati proses sing dawa wiwit taun 2009 - 2010 lair aplikasi E-Gamelan sing saiki bisa diunduh. Akeh banget sing bisa dirungokake saka aplikasi iki yaiku tembang Saron, Peking, Bonang Barung, Bonang Penerus, Gong, Kenung, Demung lan Slenthem. Sasuwene iki, aplikasi E-Gamelan dadi salah sawijine upaya kanggi mbiyantu nglestarekake salah sawijining warisan budaya nuswantara kanthi inovasi teknologi. Nanging nduweni kekurangan lan kaluwihan dhewe-dhewe. Kaluwihan ing antarane yaiku gampang digawa menyang ngendi-endi lan gratis ora kudu tuku. Nanging mesthi wae ana sing kurang, sanajan mung rasa lan sensasi saka bobote pemukul kayu ora bisa dirasakake langsung. Sasuwene iki uga ana pirang-pirang perangkat hp sing ora bisa support aplikasi E-Gamelan. 


  Ora dadi kahanan sing mustahil yen salah sawijine wujud kabudayan kita awujud piranti musik tradhisional sing bisa ilang. Iki bisa kedaden yen tanpa nyengkuyung lan campur tangan pamarentah, utamane instansi sing gegandhengan, sing nyoba luwih rekasa kanggo nguripi lan nglestarekake budaya sing wis ana. Kanthi modal 40 nganti 300 yuta, bisa uga isih layak kanggo anggaran nglestarekake wujud budaya sanajan mung piranti musik tradhisional, paling ora iki luwih apik tinimbang mbuwang anggaran pamarentah kanggo studi bandhing anggota dewan sing bisa terus lelungan menyang luar negeri, bali tanpa kasil sing nyata. Saiki wis akeh aplikasi sing padha ngemot E-Guitar, E-Piano, E-Drum lan liya-liyane. Ing sawetara taun sabanjure bisa uga ana wujud inovasi liyane, sing jenenge bisa E-Angklung, E-Sasando, E-Kecapi, E-Kolintang lan liyane sing bisa ditindakake mung liwat printah swara. Bisa wae mbesuk ora bakal ana kontak fisik langsung antarane piranti musik lan driji, kabeh bakal disimpen lan disusun kanthi rapi ing objek sing bisa digawa menyang ngendi wae.

 


Kamis, 28 Oktober 2021

ORA PAYU RABI AMARGA ASRING MANGAN ING NGAREP LAWANG, APA IYA?

Déning : Salma Kurnia Khansa Paramesti    (20020114034)
Edhitor : Dzuhrotus Salwa Nafi’ah               (20020114040) 

 

  

  Sumber gambar : kaskus.co.id



     “Aja mangan ing ngarep lawang ndhuk, mundhak ora payu rabi!”, ujare salah siji tanggane Ani sing ngonangi Ani mangan ing ngarep lawang.

     Budhe Surti tanggane Ani asring ngonangi dheweke nalika mangan ing ngarep lawang, saben dina wayah mangan, Ani mesthi mangan ing ngarep lawang, nanging Ani ora gumun yen dikonangi tanggane lan nganggep iku mung mitos kang ngrembaka nganti jaman saiki. Pikire Ani mangan ing ngarep lawang bisa oleh angin amarga omahe hawane asring panas.

     Mitos kang unine “Aja mangan ing ngarep lawang, mundhak ora payu rabi”. Mitos iki wis ngrembaka wiwit jaman leluhur. Nanging, ing jaman saiki isih ana wong kang percaya lan ora percaya. Mitos iki uga ana kang ngarani “Aja mangan ing ngarep lawang kanggo wong meteng”. Masiya uwis rabi, wong meteng uga ora oleh mangan ing ngarep lawang amarga isa ngalangi nalika babaran. Malah ana kang nganggep yen lungguh ing ngarep lawang ngganggu lelembut sing riwa-riwi ngliwati lawang.

     Mitos iki yen miturut logika ora ana kang nggayutake antarane mangan ning ngarep lawang karo jodho, rejeki lan babaran kang angel. Mitos iki yen dinalar, yen wanita lungguh utawa mangan ing ngarep lawang isa ngganggu dayoh kang arep mlebu omah. Iki uga ana gandeng cenenge karo norma kesopanan. Minangka wanita kang lagi meteng, lungguh ing ngarep lawang isa nyebabake virus lan bakteri mlebu amarga kanginan hawa saka njaba omah. Nalika wayah meteng, daya tahan ibu kurang lan rentan kena loro, kayata flu. Saka kacamata kewarasan, lungguh utawa mangan ing ngarep lawang uga dadi potensi dheweke masuk angin, apa maneh nalika mangsa kang ora nentu kaya saiki. Dadi, mitos ngenani ora kena lungguh utawa mangan ing ngarep lawang iku isa kanggo wanti-wanti supaya wong liya ora ngalangi wong sing kepengin mlebu omah lan supaya ora masuk angin.

 


KULI JAWA IKU DEWA KULI BANGUNAN


Dening: Anggit Rakasiwi             (20020114033)
Edhitor: Defany Fiqrotul Laely    (20020114039)







    Kuli iku perkara sing dianggep enteng karo masyarakat. Amarga mayoritas wong sing nyambut gawe yaiku wong sing ekonomine kurang lan upahe ora gedhe. Senajan iku kuli dibutuhaké banget, utamane kuli bangunan. Mbahas kuli bangunan ing jaman saiki ana guneman nyebut kuli Jawa. Sing diarani kuli Jawa iku kuli sing apik penggaweane. Kok bisa kuli Jawa disebut kuli bangunan sing apik?

    Kuli Jawa uga disebut dewa kuli. Saka sejarahe, mbiyen wong Jawa sing dadi kuli bisa mbangun candi. Ana maneh saka budaya Jawa sing nguripi kuli Jawa amarga saben dhaérah mesthi nduweni karakter sing beda. Karakter iki sing dibahas ning kuli Jawa. Ing Jawa ana sing disebut mandor,mandor yaiku kuli saka wong Jawa sing posisine luwih dhuwur saka kuli liyane amarga dheweke gelem kerja nganti beres lan tanggung jawab marang kuli liyane. Ing tradhisi Jawa ana sing nyebut yen gelem nyambut gawe sing rekasa mula penggawean mesthi dadi apik lan pikanthuk dhuwit. Iki sing nyebabake kuli Jawa kasebut konsisten mbangun bangunan. 

    Sifat budaya Jawa ing kuli iki sing kudu diladeni. Saka kuli bangunan sing bisa kerja nganti apik, konsisten lan niyat iku kuncine. Ora bisa dipungkiri yen kuli Jawa pancen dewa. Amarga nduweni sifat tanggung jawab kanthi beres marang penggaweane.


NJOGED REOG MBUTUHAKE KEKUWATAN SPIRITUAL



Déning: Tyas Nur Wigati  (20020114032)
Edhitor: Rizka Alfionita    (20020114037)




Sumber gambar : seringjalan.com



    Indonesia dikenal karo semboyan Bhinneka Tunggal Ika sing nduweni teges beda-beda nanging tetep dadi siji. Beda ragam suku,budaya, agama, lan ras nanging tetep dadi siji. Salah siji wujud kebhinekaan Indonesia, yaiku akehe jenis jogedan sing kasebar saka Sabang nganti Merauke, salah sijine yaiku joged Reog Ponorogo. Reog Ponorogo mujudake salah siji seni tarian ing Jawa Timur sing isih tetep  dilestarekake nganti saiki. Reog iki minangka kebudayan lan kesenian asli Indonesia. Pancen budaya lan seni iki asring digandhengake karo hal-hal sing mambu mistis , amarga asring disambungake karo kekuwatan spiritual. Singo barong minangka salah sawijining karakter paling ikonik ing kesenian iki, yaiku topeng gedhe awujud sirah singa kanthi hiasan wuluh merak. Kajaba singo barong, tokoh liya kaya jathil, warok, bujang ganong, lan klono sewandono uga nambahi rame ing pagelaran  Reog Ponorogo.

    Mistise kesenian iki wis dudu rahasiane wong akeh.  Nyatane  sakdurunge pagelarane, para pembarong lan rombongan reog liyane tansah nindakake ritual dhisik. Prakara iku pancene dadi prakara sing wajar, amarga ora mungkin bisa nganggo topeng kanthi bobot 50 kg sajrone wektu sing suwe banget mung nganggo untu. Makna saka ritual sakdurunge pementasan seni Reog kasebut ugi minangka salah sawijining usaha masyarakat kanggo nyegah alangan-alangan  sing bisa kedadeyan nalika pagelaran kanthi menehi sesaji minangka rasa ngajeni marang anane roh sing dipercaya masyarakat minangka penunggu barongan. Sesaji-sesaji sing ditindakake dening masyarakat ora kanggo njaluk utawa nyembah roh-roh kasebut nanging kanggo upah supaya dheweke ora ngganggu manungsa. Amarga sejatine jin lan setan iku diciptakake Gusti kanggo ngganggu manungsa.

    Reog minangka salah sawijining asil cipta, rasa lan karsane manungsa mesthi ngemot nilai-nilai budaya kang ana ing njerone. Iki minangka kaya kesenian Reog ing Ponorogo sing nyebutake yen ana sesambungane  karo aspek budaya, saka kesenian Reog nduweni nilai-nilai Jawa sing ”adiluhung”. Kesenian iki dadi tontonan lan tuntunan kanggo masyarakat. Kesenian Reog dadi salah siji ciri khas lan sumber nilai sing larang regane, utamane kanggo masyarakat ing Kitha Ponorogo.

    Ing jaman globalisasi uga ana owah-owahan ing masyarakat sing mesthi uga ngrubah seni tradisi, kayata seni tradisi Reog Ponorogo sanajan owah-owahan sing kedaden  namung sethitik. Owah-owahan kuei ana ing tokoh seni Reog mbiyen lan saiki, ritual ing tari reog tetep ditindakake sadurunge pagelaran lan ora tau goyah dening owah-owahan jaman. Saka jaman mbiyen nganti saiki bab-bab sing ana gegayutane karo prosesi ritual isih tetep ora ditambahi lan dikurangi.Reog Ponorogo asring digelar rikala adicara mantenan, sunatan, dina-dina nasional, lan festival taunan sing digelar dening pamerentah. Festival Reog Nasional uga digelar rikala arep mlebu wulan Maharam utawa wulan Suro. Pagelaran reog Ponorogo kalebu rerangken saka adicara Grebeg Suro utawa saperlu ulang taun kitha Ponorogo
    



 

SAKA TIK TOK BISA DADI PENYANYI TOP

Dening      : Sukmana Argo Rahayuning Dyah (20020114062) Edhitor        : Dwi Nur Sugiarti (20020114043) Sumber gambar : Instagram @bella.po...